Lirik Lagu Demokrasi Sujiwo Tedjo

G: Guru, M: Murid

G: Duh Bocah Ayu Tutwuria Lagu Kang Mau
M: Kawulo Nuwun Punopo Kang Mekaten
G: E Lha... Lha Kok Beda
M: Pundi To Kang Benten
G: Bedane Swarane Pungkase Kowe Ora Ngene

G: Coba Baleni Nulad Lagu Kang Mau Kae
M :Kawula Nuwun Punapa Kang Mekaten
G: Ee.. Lha Mekso Beda
M: Pundi To Pundi To Ingkang Taksih Benten
G: Bedane Pungkasane Kowe Ora Ngene

G: Sepisan Baleni Lagu Kang Pungkasan
M: Kawula Nuwun Punapa Kang Ngaten
G: E Tobil Jebule Kowe Mekso Beda
M: Kawula Nuwun Ingkang Benten Sinten
G: Sliramu Kang Beda...

Koor: Hip Ho! Ha Hip Ho! Hip Ho! Ha Hip Ho!

Solo.
G: E... Lha Kae Neng Awang-awang Keh Mega-mega
Yen... Tak Sawang Beda-beda Swara Ora Ala Malah Becik
Nadyan Kowe Beda
Kula Nyuwun Duka
Ora Uasah Nyuwun Duka...

G: Duh Bocah Bagus Tutwuria Lagu Kang Mau
M: Kawulo Nuwun Punopo Kang Mekaten
G: E Lha... Lha Kok Beda
M: Pundi To Kang Benten
G: Bedane Swarane Pungkase Kowe Ora Ngene

G: Coba Baleni Nulad Lagu Kang Mau Kae
M :Kawula Nuwun Punapa Kang Mekaten
G: Ee.. Lha Mekso Beda
M: Pundi To Pundi To Ingkang Taksih Benten
G: Bedane Pungkasane Kowe Ora Ngene

G: Sepisan Baleni Lagu Kang Pungkasan
M: Kawula Nuwun Punapa Kang Ngaten
G: E Tobil Jebule Kowe Mekso Beda
M: Kawula Nuwun Ingkang Benten Sinten
G: Sliramu Kang Beda...
 

 
  Sujiwo Tedjo   Writed by Admin  34x     2024-12-23 14:54:38

post a comment